*'RESEP AWET MUDA'.*
*Warga* :
'Pak..njenengan niku pangsiunan ning koq tasih seger lan sumringah, terus resèp-é nopo ?'
*Pangsiunan*:
'Yaa Olahraga !'
*Warga* :
'Nopo yèn ming olahraga thok, saged marakké semangat lan sumringah ta Pak ?'
*Pangsiunan* :
'Mergo, nang jerone rogo sing SEHAT kuwi, anané jiwo sing kuwat."
*Warga* :
'Ooh ngaten taa ...
Trs Bapak olahraga-né nopo ?'
*Pangsiunan* :
'BOLA !!'
*Warga* :
'Waah....
- Bola sepak ?
- Bola tenis ?
- Bola volley ?
- Bola basket ?
Sing pundi niku pak ?'
*Pangsiunan* :
'DUDUUU !!!'
*Warga* :
'Loh, lha terus bola nopo Pak ?'
*Pangsiunan* :
Yaa....
Bola bali reunian.
Bola bali kumpul kanca
Bola bali dolan bareng
Bola bali njajan bareng
Bola bali Guyonan
Bola bali WA nan.
😁😁😄😄👍👍👍💪💪


Tidak ada komentar:
Posting Komentar